DOLANAN TRADISIONAL
VS DOLANAN MODERN
Bocah – bocah ing dhusun Kebanaran
Kecamatan Mandiraja Kabupaten Banjarnegara utamane bocah – bocah cilik sing
teksih sekolah teng SD, tepate SD N 1
KEBANARAN unggal balik sekolah mesti sing jenenge Arif, Ady, lan Andy, ora bisa
dipisahaken. Bocah telu kuwe uwis dadi sahabat akrab sekang kelas papat. Mesti
unggal ana dolanan cah telu mau bareng terus, lan ora bisa dipisahaken
kelompoke.
Sewaktu bel sekolah di nyalakaken
“kkkkrrrriiiinnngggggggg” tanda pelajaran sekolah uwis rampung, bocah – bocah
langsung pada bali. Bocah telu mau duwe rencana nggo ngisi wektu sakwise bali
sekolah.
Ady : “Bro.. Aku duwe ide.. dolanan gobak sodor
bae yuh..”
Andy : “Lah.. kayane uwis saben dina mesti dhewek
dolanan gobak sodor.. apa ora bosen..?? jajal nggelet dolanan liyane si.. sing
lewih asyik maning?”
Arif : “Iya bener.. kue,, tapi kira kira dolanan
apa si yah?? Sing urung tau dhewek dolanani??”
Ady : “Jonjang Kersuk?? (Petak Umpet)
pewee,,??”
Arif : “Bosen…!!!!”
Ady : “Enthung
- enthungan, akeh godhong sing ana enthunge.. kan bisa dolanan lor kidul
lor kidul.. haha..”
Arif : “Lah kuwe maning uwis sebel.. bosen..
!!!”
Ady : “Dolanan Uncit – uncitan, sing nang wit
gedang, wite disewir setithik ngasih kaya senar terus disogi godhong gedhang
digesek gesek kan moni “iccciittt,, iccciittttt,,,” rame loh..???”
Andy : “lah bosen kabeh weh..?”
Ady : “Lha terus arep dolanan apa? Oh iya.. dir
diran (Kelereng) bae yuh,,??”
Andy : “Mending yah menurut inyong dolanan kiye
bae.. lewih asyik…!!!”
Arif : “Dolanan apa..??”
Andy : “Kasti..?? hahaha…”
Arif : “Lah lah… tak kira miki uwis serius
serius.. mbokan apik dolanane,, eh palh mur kaya kue thok.. oallaahhh ndy ndy…”
Andy : “Haaahhaa.. pizzz.. berjanda… bercanda
maksude…???”
Ady : “Dolanan meng kali bae si nggenah..
yuhh…?”
Arif : “Sip .. nah kue lha ide paling apik…
yuggghhh… cekedowtttt…”
Ketelu bocah mau akhire mutusaken
dolanan maring kali. Lan ijig – ijig pas arep maring kali, nang dalan ketelu
bocah mau ketemu karo bocah pindahan saking Jakarta. Bocahe seumuran pada
kabeh, lan ketelu bocah mau langsung kenalan karo bocah pindahan kang Jakarta
kuwi.
Andy : “Hehh… kae kayane ana bocah anyar..??
parani juh..??”
Arif : “Yuhhh…”
Ady : “Brayy… Ko bocah anyar yah…??”
Amin : “Emm,, maaf ya.. aku ngga tau bahasa
kamu..?”
Andy : “Hahahaa.. Arif,, arif,,, ko teyeng ra
nganggo bahasa Isyaratt,,”
Arif : “Husssttt… kue udu bahasa isyarat… lahh,,
jand.. masa pada oraaa ngerti sih.. jand,, ngisin ngisinaken inyong bae sihh…”
Andy : “Emange ko ngerti kue bahasa
apa??”
Arif : “Hahahaha…. Ora ngerti??”
Ady : “Inaaaa,,, jand.. kaya kue tok behh pada
ora ngerti… kue bahasa Indonesia lah,, ko kuwe yahh.. wong Indonesia masa ora
ngerti bahasa Indonesia.. parahh..”
Arif : “Ya ngapurane… lah,,, jenenge bae bocah
cilik lah… dimaklumi bae.. si ngapa,,??”
Andy : “Siippp.. betulll kuwi!!!!”
Sakwise bocah telu kuwi kenal
karo Bocah Jakarta mau akhire bisa dadi kawan akrab lan dolan terus unggal
dina. Bocah mau jenenge Amin, Amin kuwi bocahe lumayan sugih, unggal dina mesti
dolane PSan nek ora dolanan Komputer. Cah telu mau sing notabene ora tau
dolanan kaya kuwe lah lewih parahe maning ora kenal dolanan kaya kuwe langsung
betah banget pengin dolanan. Sing biasane unggal balik sekolah mesti nek ora
dolanan maring kali ya dolanan Jonjang Musang, tapi saiki wiwit kenal karo sing
jenenge Amin bocah telu kuwi siki jarang maring kali, gantine yakuwi dolan
maring umahe Amin.
Bel balik sekolah
“kkkrrrrriiiiinnnnngggggg..!!!”
Andy : “Min..? Aku warahi dolanan PSan ya,, kayane
pas Aku wingi ndeleng ko dolanan kaya kae ketone asyik banget…?”
Ady : “Nyongg.. iya kowh warahi juga,,,???”
Arif : “Nyyoongggg juga nyoongg juga…???”
Amin : “Iya Sip…?”
Amin sing notabene bocah Jakarta
asli bisa nyesuaikna bahasane bocah telu mau, sitik sitik, lan bisa nyesuaikna
keadaan lingkungane. Bocah papat mau langsung dolanan nang umahe Amin.
Andy : “Janen asik banget yah dolanan kaya iki..
jand jand.. Min,, ko yakin untung dadi bocah Jakarta.”
Arif : “Iya,, ko makmur banget.. apa apa bisa..
dolanan kaya kiye karepe.. seneng ya nek dadi ko Min..??”
Amin : “Ya,, ngga gitu juga si ndy? Rif?.. Inyong
palah bosen seperti ini terus?” (bahasa campuran)
Ady : “Bisane bosen?? Nek Aku mah.. ra tau
bosen yakin nek due PSan kaya iki.. unggal dina yakin dolanan terus,..”
Andy : “Yakin bener kuwi.. ko termasuke uis untung
Min.. due keluarga sugih sugih.. apa apa sing dikarepe mesti nang Bapak Ibune
langsung ditukokna.
Amin : “Iya sihh.. tapi ngga tau kenapa Inyong
bosen weh karo semua ini, janene Mandan ada rasa nyesel.?”
Arif : “Bisane?? Nyesel kenang apa min?”
Amin : “Inyong ndeleng nang TV akeh dolanan –
dolanan tradisional sing dimainkan oleh bocah – bocah desa, kreatif – kreatif
lagi? Kalau di Jakarta mah ga ada dolanan kaya kuwe.. dadine Inyong pengin sih maring desa, Inyong pengin ngerti
dan bisa mainkan dolanan kaya kuwi.?”
Andy : “Ooohh.. kaya kuee…”
Ketelu bocah mau akhire nyadar, wiwit
kenal karo Amin uwis ora tau dolanan – dolanan tradisional sing tau dimainna
seurunge kenal karo Amin. Bocah telu kue saking senenge karo dolanane Amin
yaiku PSan, palah sempet ana usaha uis pengin ora dolanan dolanan tradisional,
saking senenge. Tapi palah si Amin bocah Jakarta pengin dolanan – dolanan
tradisional kuwi, Amin uga tertarik karo dolanan tradisional lan pengin due
niat nglestarikna dolanan mau iku. Makane kuwi Amin pindah maring desa. Amin
terus crita – crita akeh maring ketelu bocah mau, rasane dadi bocah nang
Jakarta lan Ketelu bocah mau uga nycitakna rasane kepriwe dadi bocah desa. Amin
sadar ternyata penak urip nang desa katimbang nang kota, nang desa hawane lewih
adem katimbang nang kota sing hawane panas banget. Ing desa uga isih erat
dolanan – dolanane, kabudayaane, lan ning desa wargane isih ramah ramah
katimbang nang kota.
Bocah telu mau akhire sadar
ternyata esih lewih begjo uripe nang desa katimbang uripe Amin sing nang kota.
Akhire bocah papat mau saling ngei ilmu, ilmu nang desa utawi ilmu sekang kota,
supados bisa ngerti lan nyesuaikna keadaan desa lan kota. Uga bisa
nglestarikaken bareng bareng. Akhire bocah telu sing sahabatan wiwit kelas
papat SD katambah siji saking kota dadine Bocah papat. Lan gawe grup jenenge
Papat sekawan. Unggal balik sekolah mesti nek ora dolanan PSan ya dolanan
Jonjang Kersuk, kabean disesuaikna ora ninggalake dolanan tradisional uga ga
ketingalan perkembangan jaman. Rampung…
The Best Casinos in New Jersey in 2021
BalasHapus1. MGM National Harbor · 2. Casumo Resort and Casino · 3. Caesars Entertainment & Hotel · 카드 게임 종류 4. Hard 강원 랜드 썰 Rock Atlantic 해외야구 City 리턴벳 · 5. Borgata Hotel 식보 Casino &